Nasional Kediri Raya Sports Ekonomi Bisnis Pendidikan Lifestyle Khazanah Opini Seni & Budaya RK Institute Portal Kampus Internasional

Beras Kutah

Mahfud • Minggu, 27 Juli 2025 | 21:25 WIB
Ilustrasi sidak beras di negeri pewayangan.
Ilustrasi sidak beras di negeri pewayangan.

Nagari Ngastina geger! Para adipati wayang pada turun ke pasar-pasar. Ngubek-ubek para bakul beras. Melu nimbangi, meneliti bulir-bulire, dan ngecek kualitasnya.

“Ayo Yu, dikeluarkan beras-beras dodolanmu. Coba cek timbangane cocok apa ora? Terus, regane berapa?” cecar Adipati Talidarma kepada bakul beras neng Pasar Gede Ngastina Pura, ibu kota Nagari Ngastina. Adipati Talidarma adalah menteri wayang sing ngurusi soal pangan.

Mbakyu bakul beras ora bisa menolak. Menuruti kemauan sang adipati. Apa maneh datangnya berombongan. Bersama para adipati lan wedana. Juga disertai para prajurit sing gawa gaman neng tangan.

“Lha, iki takarane kurang. Mutune elek ngene kok diaku beras premium? Piye to Yu kowe kuwi,” tuding sang adipati, membuat mbakyu bakul beras gemetar.

“Lho, niku beras kulakan. Sudah dari sononya kayak ngeten niku,” jawab mbakyu bakul beras terbata-bata, dengan suara bergetar, ndredeg.

“Ya wis, iki ora usah mbok jual. Simpen neng gudangmu kono. Tapi sing siji iki ben digawa para prajurit. Ben diperiksa neng laboratorium,” suara Adipati Talidarma sedikit melunak.

Mbakyu bakul beras mung manthuk-manthuk. Sambil bergegas ngongkon kuline ngangkuti beras sing numpuk neng tokone. Dipindah neng jero gudang.

Rombongan adipati kemudian bergeser. Pindah neng toko lainnya. Melakukan hal serupa. Ngecek beras. Nimbang, lan ndeleng menir-menire wutuh apa ora.

Sontak, kejadian itu membuat Nagara Ngastina umek. Surat-surat kabar pada memuat kejadian itu. Menulis besar-besar, beras sing dijual di pasar-pasar ora memenuhi syarat. Sing dicap premium, beras super, jebule mung menir kelas rendah.

“Ngene iki kelakuane bejat tenan ya Kang?” gumam Mbilung, sambil duduk jigang neng emper omah. Di dekat sohibnya, Togog.

“Kelakuan apa Lung?” sang wayang sohib belum ngeh dengan sing dikarepne Mbilung.

“Iki lho, kabar sing neng surat kabar. Beras super, beras premium, ternyata isine menir kelas telu. Bukan sing berkualitas,” lanjut Mbilung, menjelaskan lebih rinci.

“Ya kuwi pokal gaweng para pengusaha selepan. Pingine bathi akeh. Trus wani ngilangne kejujuran dalam berdagang,” jawab Togog. Tangannya maju dan mundur. Menggulung papir, kertas untuk bikin rokok tingwe, nglinting dewe.

“Artine, wong-wong kuwi pada serakah ya Kang?”

“Iya Lung, penyakit serakah pancen angel ilange. Pingine golek hasil sak akeh-akehe. Ora peduli menabrak lang melanggar aturan.”

“Sakjane Kang, ngunu kuwi kayak wis dadi watak lumrah para wayang neng negeri kene. Ora mung pengusaha, rakyate kabeh ya akeh sing ngunu. Apa maneh para pejabate,” Mbilung mulai kritis.

“Apa maneh mengko urusane dadi menggok. Ora diusut sampek tuntas. Mergane para wayang sing duwe selepan kuwi ya wis setor neng para adipati,” Mbilung masih melanjutkan.

“Wis, kowe ora usah melu-melu Lung. Pikiren kuwi bojomu wis kok tukokne beras apa durung? Itu, wonge wis bengok-bengok saka pawon,” sentil Togog sambil nyruput kopi sing disuguhne anake Mbilung.

Mbilung pun bangkit dari amben. Bergegas mlebu omah. Sambil nggremeng,” Beras kutah...beras kutah...beras kutah.”

Editor : Mahfud
#gara gara #togog #mbilung