Nasional Kediri Raya Sports Ekonomi Bisnis Pendidikan Lifestyle Khazanah Opini Seni & Budaya RK Institute Portal Kampus Internasional

Pasar Malam Sirkus Edan

Mahfud • Minggu, 20 April 2025 | 04:50 WIB
Photo
Photo

Wengi itu, suasana yang melingkupi Tumaritis agak muram. Langit terlihat peteng. Gerimis juga turun menambah suramnya suasana. Warga desa kebanyakan memilih tinggal neng omahe dewe-dewe. Nonton tipi atau jagongan dengan anggota keluarga. Sebagian lagi pancet jagongan neng warung pinggir sawah duweke Yu Limbok. Menikmati nikmatnya kopi nasgithel, sing panas, legi, tur kenthel. Yang bisa membuat mata kembali melek.

“Lho, kuwi lampu apa to Kang? Kok cemlorot kayak lintang ceblok,” tanya Mbilung penasaran. Sambil tangannya menunjuk pada sorot lampu sokle yang menjulang ke angkasa. Kemudian menghilang sebentar di tanah. Sebelum kembali muncul dari arah berlawanan.

“Ooo, kowe kok ndesa tenan to Lung. Kuwi ngunu lampu soklene pasar malam,” Petruk Kantong Bolong memberi jawaban tapi lebih dulu ngelokne.

“Nang ngendi ana pasar malam? Peh, iling cilikanmu biyen. Yen ada pasar malam mesti tak tekani. Masiya adoh panggonane,” Bawor melu nimbrung sambil mengenang jama cilikane.

“Neng pabrik bula Kang! Iki wayahe buka giling,” teriak Rambut Geni, menjawab dari teras warung. Sembari mengubah posisi leyeh-leyehnya.

“Lha kowe kok ora ndelok? Biasane yen ana ramai-ramai mesti ora ketinggalan,” Nala Genggong alias Nala Gareng bertanya ke sosok berambut gondrong tapi gimbal ini.

“Ora duwe duwit Kang,” jawab yang ditanya dengan santai.

“Apa maneh saiki pasar malam kuwi ora kaya biyen. Dolanane ya kayak ngunu-ngunu kuwi. Ora menarik gawe bocah-bocah saiki,” Togog akhirnya melu nimbrung.

“Apa ora ana dremolene?” Bawor takon.

“Ya sik ana,” jawab Rambut Geni,

“Tong setan?”

“Lek sing iki wis jarang ana Kang.”

“Rumah hantu?”

“Wis ora medeni blas.”

“Yen aku biyen neng pasar malam mung golek martabak lan tahu petis,” Buto Terong ora pingin ketinggalan obrolan.

“Saiki ora ana panganan kuwi. Ganti sosis bakar lan sapanunggalane.”

“Pasar malam jaman saiki wis kelangan yonine, kelangan daya tarike,” sebut Nala Gareng.

“Kalah dengan pasar malam modern neng mal-mal. Sing dolanane luwi akeh lan luwih apik.”
“Durung maneh ana panggonan wisata sing nyediakne wahana kayak pasar malam kuwi saben dina. Wong ora usah ngenteni buka giling wis bisa dolanan,” sahut Bawor.

“Lha iya Kang. Tanggaku kan melu rombongan pasar malam. Isine mung ngresula wae. Mengeluh ora tau rame. Sepi  terus…”

“Penghasilane ora sumbut. Kadang seminggu wis ngalih maneh,” cerita Bawor.

“Padahal anak bojone ya arep-arep hasile bakulan neng kunu. Turun-temurun melu rombongan pasar malam. Pindah panggonan saben waktu. Saiki anake ya ora sekolah. Paling, yen gede melu rombongan kuwi pisan,” lanjutnya.

“Lha kuwi yen rombongan pasar malame isih ana. Yen wis gulung tikar kepiye?” seloroh Kantong Bolong.

Baca Juga: Stasiun
“Ya embuhlah kang, aja takon aku,” Bawor menjawab sambil tertawa ngakak.

“Jaman berubah. Pasar malam kayake wis wayahe ilang. Kayak ceritane rombongan sirkus. Saiki wis jarang ana rombongan sirkus,” Togog seperti berpetuah.

“Sing ana, ceritane wong rombongan sirkus ngadu neng polisi. Lapor yen dipulasara, disiksa dilebokne kandang macan,” Bawor nambahi.

“Peh, kok ya nelangsa tenan nasibe. Pingin golek sandang pangan wae kok ya disiksa kayak ngunu,” Mbilung melu nelangsa.
“Apa ngene iki jenenge jaman edan ya kang?”

“Embuhlah. Sing penting awake dewe ora melu dadi edan,” Bawor menimpali pertanyaan temannya itu sambil nyeruput kopine sampek entek.

Editor : Ilmidza Amalia Nadzira