Nasional Kediri Raya Sports Ekonomi Bisnis Pendidikan Lifestyle Khazanah Opini Seni & Budaya RK Institute Portal Kampus Internasional

Negeri Preman

Mahfud • Minggu, 11 Mei 2025 - 09:25 WIB
Photo
Photo

“Apa dadine yen negara dikuasai para preman? Para bromocorah?”

Ucapan itu keluar dari mulut Mbilung. Sosok pendek hitam berambut ikal dengan warna yang lebih legam dari kulitnya. Nalika bersama kanca-kancane jagongan di tempat biasa mereka bercengkerama. Di dingklik warung pinggir sawah Tumaritis milik Yu Limbok.

“Karepmu piye kuwi Lung?”

Bawor sing pertama menanggapi. Takon apa maksud temannya itu.

“Ya kuwi, negara dikuasai preman. Wong-wong korak. Sing otaknya hanya berisi  berbuat jahat untuk mencapai tujuannya.”

“Lha apa negeri Ngastinapura iki bakal kayak ngunu?”

Kantong Bolong alias Udel alias Petruk ikut bertanya. Sambil menaikkan sikile ke punggung dingklik, kursi panjang. Berjigang.

“Tanda-tandane wis kelihatan Kang Bawor. Saiki akeh kelompok sing ngaku-aku LSM. Lembaga swadaya masyarakat. Mendatangi pabrik-pabrik, perusahaan, lurah-lurah, sampek neng wong biasa.”

“Menakut-nakuti. Yen neng pabrik ya njaluk dadi bagiane pabrik. Dadi keamanane. Utawa ngurusi parkire warung-warung panganan. Utawa ngurusi perekrutan karyawane.”

“Apa pabrike tak berani melawan?” Nala Genggong mulai nimbrung dengan pertanyaan setelah sekian  lama mung menjadi pendengar.

“Jelas ora wani Kang. Wong preman sing ngaku LSM kuwi duwe bala akeh. Wani gelut yen ditolak,” Mbilung memberi penjelasan sekaligus jawaban.

“Iya, pancen bener Lung. Aku pernah ketemu kancaku sing dadi wong penting neng urusan duwit. Sing ngurusi perusahaan sing menehi kredit montor. Jare, saiki ngadepi wong sing nunggak kreditan susah. Sing diadepi dudu mung sing nunggak, nanging ormas sing kayak preman tingkahe,” Togog pun nimbrung.

“Lha kuwi lho Kang maksudku. Wayah zaman susah kayak ngene iki, kok malah diriwuki dengan gaya preman kayak ngunu,” Mbilung nambahi omongane Togog, bala pleknya.

“Kudune polisi lan pamong praja lainnya bertindak kang. Ora oleh preman main kuasa kayak ngunu,” gerutu Bawor.
“Apa merga para preman kuwi duwe dekengan ya?” Nala menduga-duga.
“Lha sapa sing ndekengi aksi preman kayak ngunu kuwi?” tanya Kantong Bholong.

“Bisa sapa wae Kang Udel. Sing mesti atine luwih preman,” Bawor menimpali pertanyaan Kantong Bholong.

“Iya, saiki ya akeh para pejabat, politisi, aparat, pamong praja, sing luwih preman. Mereka ini yang memberi dukungan neng kelompok-kelompok kuwi. Tujuane ben memberi dukungan mencapai tujuane. Nah, ketika sudah menjabat atau berkuasa, giliran para preman kuwi sing njaluk balas jasa,” Togog memberi penjelasan panjang lebar.

“Waduh, embuh maneh kalau seperti itu. Yen dibiarkan bisa bahaya lho Kang. Aja-aja mengko kayak negara neng Kepulauan Karibia kuwi. Sing saiki meh dikuasai para gangster, para preman. Penegak hukum lan pemerintahe kuwalahan menghadapi,” Nala Genggong malah menakut-nakuti.

“Ya janganlah Kang. Jangan sampai kayak ngunu,” Bawor begidik mendengar cerita Nala Genggong.

“Ya  berdoa wae, mugi-mugi Sing Kuasa menjauhkan negara kita, Ngastinapura, adoh saka hal-hal seperti itu. Masiya para pejabate  bergaya preman lan tukang korupsi, aja sampek terjadi seperti neng negara kuwi,” sambung Kantong Bholong, yang diamini kanca-kancane kabeh. Berlanjut murak panganan yang baru disuguhkan Yu Cangik, rewange sing duwe warung.

Editor : Ilmidza Amalia Nadzira
#radar kediri #Gara-Gara