Nasional Kediri Raya Sports Ekonomi Bisnis Pendidikan Lifestyle Khazanah Opini Seni & Budaya RK Institute Portal Kampus Internasional

Cilikane Lugu, Wayah Gede Ora Duwe Malu

Emilia Susanti • Senin, 15 April 2024 | 18:44 WIB
Photo
Photo

Pepatah Jawa mengatakan, aja gampang gumunan. Jangan mudah terpesona dengan apa sing dilihat mata. Sebab, bisa wae fakta asline berbeda 90 derajat. Sing awale katon apik, eh, ternyata tingkah lakune ngisin-isini. Sing katon lugu, ternyata ora duwe malu.

Apa ana contohe? Ya pasti ada. Siapa lagi kalau bukan Yu Minthul, warga Kecamatan Badas, Kabupaten Kediri. Biyen, dia dikenal bocah sing lugu lan santun. Yen berpakaian brukut, ora ngetokne aurate. Sabendina ngancani lan ngewangi simboke neng omah. Belanja, masak, lan resik-resik omah kuwi penggawean sing dilakoni sabendinane.

Ibadahe ya tekun. Sregep neng langgar utawa masjid, ngaji. Dadi percontohane wong-wong tuwa liyane yen ngandani anak-anake. Jare wong-wong tuwa kuwi, anake dikongkon kayak Yu Minthul. Wis tekun, sregep, lan pinter.

Tapi, kisah serba bagus itu hilang ketika masuk SMP. Gara-garane kenalan dengan Kang Dalba neng Facebook. Begitu kenal wong lanang, trus dirayu-rayu, Yu Minthul pun atine dadi klepek-klepek. Merasa jatuh cinta dengan sang pujaannya itu. Sehingga, diajak apa-apa gelem. Termasuk ber-hohohihe, berhubungan intim kayak bapak lan simboke. Sampek kedadean meteng angguran, peh!

Akhire, sekolahe ngetokne Yu Minthul. Bahkan, penyebabe ora mung karena meteng saja. Ternyata Yu Minthul kuwi ya seneng nyolong. Njukuk duwit kas kelas. Kebetulan dia dadi bendahara kelas. 

Karena wis ora sekolah, akhire Yu Minthul dirabekne. Apalagi wetenge tambah suwe tambah mblenduk. Ya mesti acarane nikah ora nganggo rame-rame. Wong tuwane Yu Minthul ya jelas isin banget. Duwe anak sing awale lugu, eh saiki malah nglakoni penggawean sing ngisin-isini.

Sing luwih ngisin-isine maneh, kawine kuwi ketoke ya merga kepeksa. Wong umure ya sik cilik kabeh, durung siap omah-omah. Yu Minthul lan Kang Dalbo pun langsung pegatan.

Bar pegatan, Yu Minthul wis nggandeng wong lanang liya. Saiki oleh tanggane dewe. Wonge sugih, apa-apa duwe. Dadi, Yu Minthul kepenak yen njaluk sembarangane. Nah, alasan sing iki sing marai dewekne njaluk pegat. Ya masalah harta benda. Peh, wis kakean polah eh ketambahan mata duitan. 

 

Untuk mendapatkan berita-berita terkini Jawa Pos Radar Kediri, silakan bergabung di Grup Telegram "Radar Kediri". Caranya klik link join telegramradarkediri. Sebelumnya, pastikan Anda sudah menginstal aplikasi Telegram di ponsel.

 

 

 

 

Editor : Anwar Bahar Basalamah
#radarkediri #jawapos #peh