Lhadalah, kok bisa ngunu? Ya mesti wae, wong Kang Dalbo kuwi jatuh cinta setengah mati neng purel pijet plus-plus. Trus, manut wae ketika disuruh meninggalkan istri lan anake. Dadine, ya dibenci keluargane, termasuk dua anakke.
Perjalanan tragis cinta Kang Dalbo diawali nalika dia ketemu Yu Cemplon. Perempuan seksi sing punya pekerjaan jadi tukang pijet. Yen wong-wong ngarani ya dadi purel.
“Aku ya nggumun bojoku kok tego ngelakoni ngono kuwi. Padahal rabi karo aku wes puluhan tahun. Anak ya wis telu gede-gede kabeh. Isa-isane kecantol wedokan sing umure podo karo anak pertamane,” gerutu Yu Minthul, perempuan asal Kecamatan Mojoroto, Kota Kediri itu.
Bagi Kang Dalbo, penggawean purel ora dadi masalah. Apa maneh pacakane Yu Cemplon benar-benar menggoda. Selalu dandan cantik. Membuatnya kian tertarik menjadikan istri.
Masalahe Kang Dalbo kuwi uwonge utun alias lugu. Tak pernah aneh-aneh. Nah, ketika diperalat oleh Yu Cemplon sikape berubah 90 derajat, Kang Dalbo hooh-hooh wae. Ora peduli anak bojone kayak wong dipelet.
“Olehe selingkuh kayane wis lima bulan terakhir. Sik tas banget, tapi kelakuane berubah sakpole. Sampek anakku ngomong ora kayak bapak biasane,” terang Yu Minthul.
Merasa cintanya wis sekonyong koder, Kang Dalbo menyanggupi ketika Yu Cemplon ingin dinikahi. Dia pun berusaha meminta izin nek Yu Minthul lan anak-anake.
Jelas Yu Minthul tak mengizinkan. Dia tak mau dimadu. Jika Kang Dalbo memilih Yu Cemplon maka deweke lan anak- anakke sing ngaleh alias njaluk pegatan.
“Tak pikir nalika aku muni ngunu deweke sadar merga anake wis telu. Eh, ternyata ora peduli, justru nantang pegatan,” omel Yu Minthul.
Nalika sang anak mencoba menyadarkan pun tak mempan. Bapake wis kayak di mabuk cinta. Ora peduli apa kata wong, yang diperhatikan cuma sang pujaan hati.
Merasa dikhianati dan dikecewakan oleh Kang Dalbo, Yu Minthul dan anak-anaknya pun mengusir Kang Dalbo. Supaya Kang Dalbo sadar yen nalika ngelakoni kelakuan elek deweke sing rugi. Omah sing dibangun puluhan tahun sirna sekejap saja.
“Ben deweke sadar, kelangan omah sak isi-isine. Coba didelok wae betah opo ora purele kuwi. Yen oleh karma aku kari nyokorne wae,” pungkas Yu Minthul.
Peh, ya ngunu kuwi nasibe wong sing ora bersyukur. Gara-gara kecantol tukang pijat dadine dikongkon minggat. (la/fud)
Editor : Miko