Ibarate, nasibe Kang Dalbo iki kayak jaran ketiban empyak. Atau, lek bahasa Indonesia peribahasa kuwi sama artinya dengan sudah jatuh tertimpa tangga. Maknane, ya apes tenan!
Mengapa wong asal Bogor, Jawa Barat kuwi sampek apes kayak jaran, eh, kayak ngunu? Tak lain karena tekadnya maju coblosan. Alias dadi caleg DPR RI sing wis kepungkur. Wis ora oleh suara sing cukup, eh, ternyata amplopan sing dibagi neng konstituene ora nyampek. Digondol mlayu Kang Kemplo lan Kang Ruwet, warga Kabupaten Nganjuk sing dadi kadere.
“Mangkane saiki aku dikongkon nggoleki wong loro kuwi,” aku Kang Sudrun, wong Jombang, sing ibarate dadi detektif partikelir.
Lha yaopo ceritane sampek duwite digondol mlayu? Kang Sudrun ngomong, sakjane dua orang itu yang dipercaya untuk menggalang dukungan. Golek uwong sing gelem nyoblos gambare deweke ben bisa melenggang dadi wakil rakyat.
Keduanya ora mung dikongkon golek pendukung. Juga diberi peluru alias uang untuk bermain money politics. Jumlahe ya mesti uakeh. Digawani 19 ewu amplop sing masing-masing diisi duwit Rp 20 ewu. Yen ditotal duwite kuwi sampek Rp 380 juta! Peh, jian akeh tenan.
Kang Kemplo dan Kang Ruwet dipilih karena sesuai dengan dapil Kang Dalbo, sing salah sijine wilayah Nganjuk. Nah, domisiline dua orang itu ya di Nganjuk. “Dadi, wong loro kuwi janjeni bisa golek suara sampek 19 ewu uwong,” terang Kang Dalbo.
Lha kok ndilalah, pas bar coblosan, suara sing diperoleh Kang Dalbo mung sithik. Alias, kursi sing diincer amblas.
Merasa penasaran, Kang Dalbo ngeceki kenapa suarane mung sithik. Ternyata, 19 ewu amplop kuwi ora diwenehne neng calon pemilih. Nanging, digawa mlayu Kang Kemplo lan Kang Ruwet.
Kang Dalbo pun stres berat. Dia akhire menyuruh Kang Sudrun dadi detektif partikelir. Tugase, goleki wong loro kuwi.
Kok ora lapor polisi? “Gendeng apa piye urusan ngene kok lapor polisi,” ucap Kang Sudrun sambil mencap-mencep.
Usut punya usut, ini menurut Kang Sudrun, ternyata dua orang kader sing minggat kuwi juga dadi kader caleg saingane Kang Dalbo. Ibarate mungsuh dalam selimut, he he he.
Editor : Anwar Bahar Basalamah