Ana istilah, dikeki ati ngerogoh rempela. Menggambarkan bila ada teman yang dipercaya eh malah berbuat ora amanah. Misale ngrebut bojone kanca dewe.
Nah, kisah Yu Minthul, perempuan asal Kecamatan Papar, Kabupaten Kediri ini mirip dengan itu. Awale deweke kasihan karo kancane sing sik tas ditinggal bojone. Bukannya berterima kasih karena masih ada yang peduli. Justru kancane Yu Minthul ini mengambil kesempatan di dalam kesempitan.
“Jenenge ya kanca kuliah sejak semester 1. Kenal ndisek apik wae, ora nyangka lek ternyata dadi pelakor nek rumah tanggaku,” gerutu Yu Minthul.
Kisah ini bermula ketika temannya ini menginap di rumah Yu Minthul selama dua minggu. Karena memiliki dua anak yang masih kecil tentu Yu Minthul sering capek mengurus rumah.
Kancane sing numpang kuwi ndilalah cukup mbeneh. Deweke gelem ngewangi penggawean omah. Termasuk resik-resik lan masak.
“Jenenge ibuk-ibuk lek penggawean kabeh wis beres paling bar Maghrib turu. Merga wis kesel sedino,” ucap Yu Minthul.
Sapa ngira ternyata momen iki dimanfaatne karo pelakor kanggo goda Kang Dalbo. Mungkin deweke ngerti yen Kang Dalbo laki-laki karir sing sukses. Merga pingin urip enak lan terjamin pelakor iki gak peduli nasib Yu Minthul selaku kancane.
Seminggu dua minggu Kang Dalbo belum tergoda. Tapi jenenge kucing lek dicepaki pindang apa ra ya panggah pengen?
“Ya lek ngelakoni ngunu kuwi pas aku karo anak-anakku turu. Pancen ora tau diri,” gerutu Yu Minthul.
Suatu ketika, tengah malam, Yu Minthul ngelilir. Ternyata deweke tidak mendapati suaminya tidur di sebelahnya. Digoleki neng ruang tamu ya ora ana.
Setelah menyusuri seluruh bagian rumah, deweke curiga Kang Dalbo ana neng kamar kancane. Dan ya benar saja, ketika didobrak Yu Minthul mendapati mereka berdua lagi enak-enak ber-hohohehe. Alias bergumul dalam selimut
“Semenjak kuwi aku nyawang raine Kang Dalbo jijik lan gething. Kancaku ya langsung tak usir saka omah,” terangnya.
Apapun istilahe, yang pasti, tindakan Kang Dalbo yang tidak terpuji kuwi berujung petaka. Rumah tanggane dengan Yu Minthul pun berantakan. Meskipun alasane merga deweke kurang diperhatikne Yu Minthul.
Padahal, pasangan iki wis duwe anak loro! Lucu-lucu pisan. Peh, jian kebacut pancene Kang Dalbo iki.
Akhirnya, Yu Minthul pun menggugat cerai suami tak tahu malu kuwi. Tentu saja njaluk harta gana-ginine sekaligus uang tunjangan kanggo anak-anake. Karena hak asuh anaknya juga dia minta.
“Ora sudi aku yen anakku diemong wong wedok lonte kuwi,” ucapnya.
Kang Dalbo mbok ya sadar kowe kuwi. Wis duwe anak bojo kok ya sik ra iso ngendalikne hawa nafsu. Akhire ya kena pegat tenan. (*)
Editor : Mahfud