KOTA, JP Radar Kediri – Akeh cara gawe narik minate warga ben iso nguri-uri kabudayan asli Kediri. Utamane budaya kang adedasar cerita panji. Salah sawijining yaiku pagelaran tari, lelagu, jaranan, lan njelajahi isine museum. Sakabehe kanggo ngupayake ben warga, utamane para bocah, terus eling marang budaya asli.
Nanging, sing paling gampang narik minat, lan paling gampang diiling-iling, yaiku kala ningali pertunjukan jaranan. Amarga jaranan kuwi dadi kesenian kang paling digemari kawula sakabehe umur.
“Jaranan iku asline yo nyeritakake Panji,” pangucape Kepala Dinas Budaya, Pariwisata, dan Olahraga (Kadisbudparpora) Kota Kediri Nur Muhyar, pas dipetuki neng omahe.
Miturut Nur Muhyar, sakjane sik akeh cerita kang iso dijupuk lan didadekake sarana pengeling-eling. Ben warga ora lali ambek cerita Panji sing asli Kediri. Mulai saka kisah katresnane Panji kaliyan Sekartaji, kisah brantayudha, lan cerita Panji kang liyane. Nanging, sing akeh yaiku kisah katresnane Panji lan Sekartaji.
Nur Muhyar nglanjutake pituture, yen disbudparpora ora waleh-waleh ngajak kawula nom-noman nyenengi cerita rakyat asli Kediri, yaiku Cerita Panji. Kabeh upayane disbudparpora uga entuk penghargaan saka pemerintah pusat.
“Kapan kae entuk penghargaan Anugerah Kebudayaan saka Pusat. Amarga masyarakat lan pemerintah daerah tansah bisa nguripake kisahe Panji,” jare Nur.
Amarga saka kuwi, Nur Muhyar njelasake yen cerita rakyat Panji iku asline angel lek digoleki secara utuh. Ananging, masyarakat lan pemerintah daerah tetep nguripake lan nguri-uri cerita iku nang rupa karya seni.
Tumeka saiki, yen dirunut, cerita Panji Kediri ana sing kepajang neng Museum Airlangga Kota Kediri. Miturut panuturane Nur Muhyar, disbudparpora bakal terus nglakokake upaya kangge nguri-uri Cerita Panji. Arupa ngenalake neng kabeh kawula utawa ngawiti nerangno cerita Panji saka museum.
“Isa uga nggawe tur ing tiap wulan kangge sekolah-sekolah. Ben ngakehi kaweruhan neng cerita Panji,” ucape Nur Muhyar mungkase omong.