Jangan menikah kalau masih hobi ngopi alias cangkruk ora nggenah. Sebab, akibatnya bisa ruwet. Yen ora dadi rasa-rasan tangga rumah tangga bisa ambruk, buyar.
Tak percaya? Simak kisah Yu Minthul kita kali ini. Warga salah satu desa neng Kecamatan Gurah, Kabupaten Kediri ini akhirnya menggugat cerai bojone, Kang Dalbo.
Penyebabe, ya kuwi, sing lanang sering cangkruk alias ngopi nganti ora ngerti wayah. Peh, kebacut tenan Kang Dalbo iku.
“Hobine cangkruk budal bengi mulih isuk. Nyambut gawe gajine mung sitik. Gawe bayar ngopine sak wulan wae ora cukup,” gerutu Yu Minthul.
Sakjane, keinginan pegatan kuwi wis suwe. Sebab, tabiat Kang Dalbo pancen ora pantes ditiru. Wes duwe keluarga isih seneng kelayapan turut dalan.
Nalika ditukari bukane berubah justru tambah nemen. Yen biasane ngopi mulai jam sanga bengi sampai jam telu isuk, saiki bar magrib wae wes gegeri metu.
“Isuk sampe sore kerja. Mulih kerja budal ngopi. Terus apa gunane ngrabi aku yen uripe sik pengen bebas,” omel Yu Minthul.
Karena jarang berdua, menikah selama tiga tahun keduanya belum dikaruniai seorang anak. Iku merga gak enek waktu ‘gawe’. Masing-masing sibuk karo urusane dewe-dewe.
Baca Juga: Gaya Sosialita, Ora Peduli Wong Tuwa Menderita
Sikap Kang Dalbo pun kian menjadi-jadi. Yu Minthul yang merasa dirugikan pun bingung harus bersikap bagaimana. Karena antara menikah dan tidak ora ana bedane. Pada wae ngerasa feeling lonely.
Usut punya usut, hobi ngopi Kang Dalbo kuwi nurun saka bapake. Sang bapak kuwi ya punya tabiat seneng cangkruk kayak ngunu. Padahal cuma ngentekne waktu kanggo hal sing gak penting.
“Kalau seminggu cuma satu sampai dua kali tak masalah. Lha ini sudah setiap hari kan aneh,” ujar Yu Minthul.
Ternyata di tempat ngopi tak hanya ada secangkir gelas kopi. Tetapi juga ada perempuan penghibur. Pantesan deweke betah merga saben dina wedoke ganti-ganti. Wes seksi tur ayu, wong lanang endi sing ora kegoda.
“Pantesan selama iki tak jajal gawekne kopi nek omah jarene ora podo. Panggah milih ngopi nek njobo. Ternyata eh ternyata,” Yu Minthul pun mencak-mencak.
Ngerti kelakuane Kang Dalbo ngunu iku, Yu Minthul pun jaluk pegat. Iku merga deweke ngerasa yen tabiat iku sulit diubah. Hoalah Kang Dalbo.. Kang Dalbo.. hobimu ngopi berakhir ditinggal bini. (la/fud)
Untuk mendapatkan berita- berita terkini Jawa Pos Radar Kediri , silakan bergabung di saluran WhatsApp " Radar Kediri ". Caranya klik link join saluran WhatsApp Radar Kediri. Sebelumnya, pastikan Anda sudah menginstal aplikasi WhatsApp di ponsel.
Editor : Anwar Bahar Basalamah