JP Radar Kediri - Sudrun pancen mendo tenan. Urip kepenak mulai cilik bikin pria asal Kecamatan Ngasem itu tidak mengerti hal-hal sepele. Termasuk obat-obatan sederhana sing dibutuhne Yu Minthul wektu penyakite kambuh.
“Kulina urip penak, sembarang dicepakne. Giliran bojone butuh bantuan bukane menyelesaikan masalah justru nambah masalah,” omel Yu Minthul kesal.
Pacaran selama tiga tahun lanjut rabi wis dua tahun ternyata belum cukup untuk membuat Sudrun ngerti kebiasaan bojone. Maklum wae, selama ini kabeh kebutuhane Yu Minthul pancen disiapne pembantune. Sudrun ora ngerti babar blas.
Awale Yu Minthul pancen ora masalah. Sing penting bagi deweke kabeh urusan omah wis beres. Tapi suwi-suwi Yu Minthul pegel merga Sudrun ora pernah perhatian.
Sudrun pancen kerja dadi gamers. Otomatis deweke butuh wektu berjam-jam neng ngarep layar.
Praktis Sudrun jarang bersosialisasi dengan tetangga sekitar. Deweke meneng terus neng omah wis ngumpulne bayaran puluhan juta setiap bulannya.
“Kabeh kebutuhanku pancen wis dicukupi. Apa wae pengenku juga dituruti. Tapi ya iku jarang enek wektu kanggo anak bojone,” lanjut Yu Minthul.
Kabeh masalah yen dipendam, sing awale cilik ujung-ujunge bisa dadi gede. Rasa mangkele Yu Minthul sing diempet suwi akhire mbledos. Deweke ngamuk merga Sudrun keliru tuku obat bidur.
“Sing dituku bukan obat bidur tapi obat sakit kulit. Gatelku tambah nemen,” tutur Yu Minthul belum reda kemarahannya.
Sing bikin Yu Minthul tambah nesu merga Sudrun ora pernah memperhatikan kata-katane bojone.
Deweke wis beberapa kali diomongi jenenge obat bidur sing biasa digawe Yu Minthul. Nyatane sik panggah keliru wae.
Yu Minthul semakin kalap merga Sudrun ora ngerti penggawean neng omah. “Ibarate lek ora enek pembantu ngono aku iki wis kaya pembantune. Nemen tenan,” keluhnya.
Baca Juga: Sudrun Kakean Polah, Rumah Tanggane Bubrah
Suwi-suwi Yu Minthul merasa jika Sudrun memang hanya perhatian pada hobi dan pekerjaannya main game. Beberapa kali Yu Minthul berusaha mengingatkan, Sudrun ora malah tobat.
Sebaliknya, deweke nesu-nesu.
Yu Minthul semakin nelangsa. Kabeh kebutuhane tercukupi tapi ora tahu ngrasakne kebahagiaan neng rumah tanggane. Ora pingin tambah stres, Yu Minthul memilih pegatan. “Wis aku milih menyelamatkan mentalku karo anak-anak. Timbang saya nemen, wis apike diakhiri wae,” urainya pasrah.
Untuk mendapatkan berita-berita terkini Jawa Pos Radar Kediri, silakan bergabung di Grup Telegram "Radar Kediri". Caranya klik link join telegramradarkediri. Sebelumnya, pastikan Anda sudah menginstal aplikasi Telegram di ponsel.
Editor : Anwar Bahar Basalamah