KEDIRI, JP Radar Kediri- Jenenge wae Sudrun, wonge ya pancen ora bisa dipadakne liyan. Warga salah satu kelurahan di Kecamatan Pesantren, Kota Kediri iki sakarepe dewe.
Sak senenge dewe. Sawise diperiksakne neng dokter, deweke pancen terdeteksi gangguan jiwa alias ora kebek.
Merga kondisine sing kaya ngono, kabeh tonggone Sudrun wis maklum. Pengurus RT, RW, lan Pak Lurah ngusulne Sudrun bisa entuk bantuan rehab omah.
“Wis dibangune omah. Layak digawe turu. Sederhana tapi apik,” kata Yu Menik, salah satu tetangga Sudrun.
Selayake wong waras, kudune Sudrun seneng. Merga deweke wis ora perlu merogoh kocek akeh gawe tuku bahan bangunan lan ongkos tukang.
Nyatane, Sudrun sing ora kebek justru bertindak sebaliknya. “Omahe sing wis dibangun apik malah dirusak. Ditutuki, mbuh gawe petil apa watu.
Rusak kabeh,” lanjut Yu Menik sedikit emosi menceritakan ulah tetangganya itu.
Sawise omahe rusak, Sudrun malah saya santai. Deweke milih turu nek sembarang panggonan. Mulai neng ngarep toko, neng pos kamling, utawa neng teras omahe warga.
Deweke tetep nyaman wae. Giliran tonggone sing mumet merga arep ngusir ya ora tega.
“Sakjane uripe wis penak. Bantuan sembarang ya oleh. Panganan, sandangan oleh kabeh. Tapi ya ngono, lek deweke ora seneng langsung dirusak. Diguwak,” tutur Yu Menik.
Yu Menik sing saben dina nyawang ulahe Sudrun kelar melu budrek. Merga deweke dengan santainya membuang baju layak pakai sumbangan dari pemerintah lan tonggo teparo.
Barang-barang kebutuhan rumah tangga sing disumbangne ya langsung dibuang. “Wis pokoke barang-barang mesti langsung dibuang,” sungut Yu Menik.
Sudrun luwih seneng nggawe klambi sing iku-iku wae. Deweke santai masiya tonggone sing simpangan rasane wis arepe mutah-mutah.
“Lek diweneni panganan seneng. Langsung dipangan. Tapi lek sandangan utawa barang-barang mesti langsung dibuang,” papar Yu Menik.
Nyawang ulahe Sudrun sing wis bertahun-tahun, tonggo teparo sakjane pancen wis maklum. Tapi, rasa khawatir tetap saja ada.
Khawatir lek Sudrun tiba-tiba berulah sing membahayakan lingkungan.
Karenanya, Yu Menik lan tonggo teparo liyane pingine Sudrun mendapat penanganan pemerintah. Ora sekadar oleh bantuan papan, sandang, lan panganan.
Sing luwih penting diobatne penyakite. Lek ora ngono, khawatire saya suwe Sudrun berulah, tonggone sing sak lingkungan kabeh bisa melu owah. Peh!
Untuk mendapatkan berita-berita terkini Jawa Pos Radar Kediri, silakan bergabung di Grup Telegram "Radar Kediri". Caranya klik link join telegramradarkediri. Sebelumnya, pastikan Anda sudah menginstal aplikasi Telegram di ponsel.
Editor : Anwar Bahar Basalamah