KEDIRI, JP Radar Kediri - Dadi uwong kuwi ora usah gampang percaya. Termasuk neng sedulur. Bisa jadi, akan mendapat nasib kayak Yu Minthul iki. Warga Kecamatan Kunjang, Kabupaten Kediri ini kelangan duwit sampai puluhan juta rupiah. Gara-garane, ya kuwi, percaya neng uwong sing ngakune isih sedulur.
“Si Mbokku sampek ora bisa mangan yen mikir nasibe kuwi,” jare Yu Cemplon, anake Yu Minthul, nyeritakne nasibe sang ibu yang dirundung sial.
Lha, kok sampek kaya ngunu kuwi kepiye to? Yu Cemplon cerita, awale adalah Kang Sudrun, sing isih ada hubungan kerabat. Awale, hubungan dengan ibuke ya apik-apik wae.
Suatu saat, Kang Sudrun sambat duwit neng Yu Minthul. Wong namanya sedulur, Yu Minthul pun ora tega. Kemudian memberi pinjaman hingga Rp 22 juta, peh!
Janjine sih, utang bakal disaur dalam tempo rong taun. Tapi, tunggu punya tunggu, ternyata ora dibayar-bayar. Yu Minthul pun mulai ora sabar. Dia menagih sedulur kuwi, agar membayar utange sing wis numpuk.
“Nyatane, sing disaur mung Rp 2 juta. Bar kuwi mung semaya dan semaya,” lanjut Yu Cemplon.
Puncaknya, bukannya datang untuk berdalih lagi, Kang Sudrun ternyata kabur. Minggat dengan menyisakan banyak utang ke Yu Minthul.
Sing luwih parah maneh, ternyata utang Kang Sudrun ora mung neng Yu Minthul. Dia juga punya banyak pinjaman ke orang lain. Yang juga masih terhitung kerabat. Yang kalau ditotal bisa mencapai Rp 100 juta lebih! Peh, digawe apa duwit sakmunu akehe kuwi?
“Sing kebangeten, ana ponakane sing yatim piatu ya dadi korban. Kang Sudrun utang neng uwong tapi ngaku digawe ponakanku kuwi. Lha, saiki sing diuber-uber ya ponakan kuwi,” gerutu sang anak.
Oalah dasar nasibmu Yu Minthul, duwe dulur kok ya mentalan seperti itu. Seneng utang tapi ora seneng bayar. Wong dulur kok ya mangan dulur, peh, kepiye to Kang Sudrun kuwi.
Untuk mendapatkan berita-berita terkini Jawa Pos Radar Kediri, silakan bergabung di Grup Telegram "Radar Kediri". Caranya klik link join telegramradarkediri. Sebelumnya, pastikan Anda sudah menginstal aplikasi Telegram di ponsel.
Editor : Anwar Bahar Basalamah