Nasional Kediri Raya Sports Ekonomi Bisnis Pendidikan Lifestyle Khazanah Opini Seni & Budaya RK Institute Portal Kampus Internasional

Senengane Gendakan, Yu Minthul Lali Kewajiban

Emilia Susanti • Jumat, 19 April 2024 | 16:08 WIB
Photo
Photo

Yu Minthul jian wong kakeah polah. Wis duwe anak bojo, eh sik seneng keluyuran. Luwih parah maneh, keluyurane kuwi ora dewekan, tapi dengan gendakan alias pacar  gelape. Peh, mbok ya nyebut to yu...yu...!

Ya wajar  wae bila kemudian kehidupan bebrayan alias rumah tanggane ya dedel-duwel ora karu-karuan. Nambah mumet endase Kang Dalbo sing wis puyeng mikiri ekonomi keluarga.

Ya, bagaimana tidak puyeng, lha wong Kang Dalbo mung kerja ala kadarnya. Pria asal Kecamatan Badas, Kabupaten Kediri ini sabendinane mung dodolan pentol keliling. Ya jelas pusing mikiri bojone sing mbeling kayak ngunu.

“Bola-bali tak balekne neng wong tuwane. Jawaku ben tingkah-polahe isa berubah. Eh, kok malah saya nemen kayak ngunu,” gerutu Kang Dalbo.

Ya, Kang Dalbo pancen wis ora sanggup ngurusi bojone sing mbeling kayak ngunu. Senengane mung gendakan. Tapi, lali kewajiban sebagai istri dan ibu dari anak-anake. Yen wis keluyuran, bisa berhari-hari tidak pulang. Sementara anak bojone ora diurusi.

“Ya kepeksa yen pas dodolan pentol anakku tak gawa menisan. Lha ora ana sing ngemong,” keluh Kang Dalbo.

Hasil hubungane dengan Yu Minthul, Kang Dalbo duwe anak loro. Sing mbarep sudah duduk di bangku kelas 5 sekolah dasar. Nah, sing kedua umure isih patang tahun. Sing cilik iki yang tidak bisa ditinggal sendiri.

“Kadang tak titipne embahe.  Nanging, kuwi yen pas gelem. Yen ora ya kepeksa tak jak dodolan pentol,” terang Kang Dalbo, sinambi ngedoli pentol pas ana wong tuku.

Lha Yu  Minthul? Saiki polahe saya nemen. Wis jarang mulih. Apa maneh kerjane neng pabrik luar kota. Saya ndadi wae sifat jeleknya.

Biyen, dia masih pulang dua minggu sekali. Nanging, sejak konangan berhubungan dengan wong lanang liya, Yu Minthul wis jarang mulih. Tapi, ketika Kang Dalbo niat megat, bojone kuwi ora gelem. Peh, repot tenan yen duwe bojo kayak ngene iki. Ya wis nasibmu Kang Dalbo, duwe bojo kok sing hobi gendakan. Sampek lali marang kewajiban neng keluarga. 

 

Untuk mendapatkan berita-berita terkini Jawa Pos Radar Kediri, silakan bergabung di Grup Telegram "Radar Kediri". Caranya klik link join telegramradarkediri. Sebelumnya, pastikan Anda sudah menginstal aplikasi Telegram di ponsel.

 

Editor : Anwar Bahar Basalamah
#radarkediri #LALI KEWAJIBAN #gendakan #jawapos