Kang Dalbo pancen kakean polah. Ora sadar kalau statusnya adalah bebas bersyarat. Dia dikeluarkan saka bui dengan catatan. Kudu berkelakuan baik ben ora digelandang maneh neng kurungan alias penjara.
Tapi, warga Desa Seketi, Kecamatan Ngadiluwih, Kabupaten Kediri ini ternyata harus rela bebas bersyaratnya batal. Kemudian dibalikne maneh neng kurungan penjara. Ya mung gara-gara melu 'panen' lombok.
Lho, wong panen wae kok ya ditangkep to? Eit, tunggu dulu. Karena yang dipanen kuwi lomboke tanggane. Dan, lombok kuwi didol dewe. Penake omong, Kang Dalbo kuwi maling lombok, peh!
Kisah maling lombok kepergok ini ketika si pemilik asli berniat nyemprot tandurane. Isuk-isuk dewekne wis mruput neng sawah. Gawa tangki isi obat-obatan hama.
Nang, ketika sampai di lahannya-di Desa Jambean, Kecamatan Kras, Kabupaten Kediri-si pemiliki iki langsung kaget. Sebagian tandurane rusak. Uwohe wis ora ana maneh. Padahal sakdurunge lombok ijo sing seger-seger pating gemantung neng dahane.
Mesti wae sang petani iki geregeten. Wong lomboke arep dipanen. Ya pas regane apik tenan. Lek diitung-itung, lombok sing disikat maling kuwi jumlahe berkilo-kilo.
Penasaran, dia pun nyanggong. Ndedepi malinge, siapa tahu bakal beraksi maneh. Wayah bengi dia balik neng sawahe. Tapi, posisinya rada nyingit. Ngawasi sapa ngerti ana pawongan sing datang ke sawahnya.
Benar saja, bar isya, dia melihat Kang Dalbo mlaku timak-timik, mengendap-endap. Ngilwati lahan lombok, banjur terus neng rerimbunan tebu. Nah, saka tebu-tebu kuwi Kang Dalbo njukuk dua karung besar yang terlihat seperti terisi benda berat.
Si pemilik lahan pun marani. Menanyakan apa kuwi sing dijupuk. Eh, ternyata lombok sing dipanen eh dicolong.
Tanpa banyak cakap, Kang Dalbo pun ditangkap. Diserahne neng kantor polisi. Sakjane, kasus nyolong lombok kuwi kelebu tipiring. Ukumane ya mung pitung dina. Nanging, karena melakukan kejahatan lagi, masa bebas bersyarate dadi ilang. Dia pun kembali masuk kurungan. Nerusne hukuman dua tahun lagi.
Nah, rasakne kowe Kang. Wong wis diwenehi bebas bersyarat kok ya kakean polah nyolong lombok rong karung. Peh, pancen maling ya tetep maling.
Editor : Anwar Bahar Basalamah