Nasional Kediri Raya Sports Ekonomi Bisnis Pendidikan Lifestyle Khazanah Opini Seni & Budaya RK Institute Portal Kampus Internasional

Seneng Ngumbar Syahwat, Kang Dalbo Minggat

Emilia Susanti • Jumat, 9 Februari 2024 | 17:58 WIB
Photo
Photo

Lara atine Yu Minthul neng Kang Dalbo, bojone, sangat dalam. Kemarahannya seperti tak terobati. Bagaimana tidak, lha wong bojone kuwi tega ninggalne dia hanya demi mengejar kenikmatan syahwat. Sementara dia kudu ngopeni lima anak buah dari pernikahan. Biyuh, jian kebangeten kuwi Kang Dalbo!

"Bojoku minggat 21 tahun kepungkur," ketus Yu Minthul, yang rumahnya di Kecamatan Pare, Kabupaten Kediri ini.

Apa mara-mara minggat Yu? "Yo ora sakjane. Dewekne pamitan lunga kerja. Nanging, ora tahu mulih maneh. Kabare ya ora ana. Apa maneh duwit ge nafkah anak-anake, ora dikirimi blas," omelnya.

Luwih ngenes maneh, ketika itu Yu Minthul mbobot anake sing nomor lima. Sudah tentu beban hidupnya sangaaat...sangat berat. Peh, kebacut pancen Kang Dalbo iki.

Kelakuan Kang Dalbo sing ora becik sebenarnya sudah tercium jauh-jauh hari. Dia dan suaminya itu bola-bali tukaran. Pemicunya, apa lagi kalau bukan sing lanang yang seneng ngumbar syahwat. Wis duwe bojo nanging isih gemar gandeng perempuan lain. Sampek-sampek, Yu Minthul emosi lan ngongkon bojone rabi maneh.

“Saking sumpeke aku ndeleng kelakuane bojoku," gerutu perempuan 61 tahun iki.

Mangkane, nalika Kang Dalbo ora mulih, Yu Minthul wis ora pati kaget. Dewekne mikir, paling bojone kuwi ora pati tresna neng dewekne. Soale sing jodohne kuwi mbah-mbahe.

Saiki, Yu Minthul wis ora mikir wong lanang maneh. Memilih bekerja banting tulang ge ngopeni anak-anake. Untunge, dia duwe keahlian memasak. Sehingga sering diminta jadi juru masak. Selain itu, Yu Minthul bukak usaha kateringan.

Yu Minthul pun memilih menikmati hari tuanya. Kabeh anak-anake wis mentas. Putune ya wis rolas. Yen sumpek, dia milih bersenang-senang dengan berkaraoke ambek kanca-kancane.

“Timbang ngurusi wong lanang marai bludrek," ucapnya. Peh, gara-gara Kang Dalbo, kabeh wong lanang kenek getahe, he he he.

Editor : Anwar Bahar Basalamah
#berita #peh