Ini peringatan gawe wong-wong wedok sing biasa golek kenalan saka Facebook. Aja sampek mengalami nasib kayak Yu Minthul, warga Kecamatan Berbek, Kabupaten Nganjuk iki. Merga gampang jatuh hati neng kenalan media sosial, dia harus rela kelangan montor kesayangane. Honda Scoopy-ne ilang digondol sang pencuri cinta, peh!
Kisah cinta berakhir nelangsa Yu Minthul ini berawal ketika dia kenal lelaki sing duwe jeneng Kang Rudi dua bulan lalu neng dunia maya. Masiya mung sekadar chatting neng Facebook, Yu Minthul ndilalah ya dadi lan senenge. Jatuh hati pada pria warga Desa Batoporotimur, Kecamatan Kedungdung, Kabupaten Sampang iki. Hingga akhirnya janjian temu kangen neng Simpang Lima Gumul (SLG).
Pas ketemu, Kang Rudi ora ngetokne utek culasnya. Dia mengajak Mei jalan-jalan luwih disik. Sampek gendakan dunia mayanya kuwi puas lan kesel.
Setelah merasa lelah, Kang Rudi ngejak istirahat. Saat keduanya berleha-leha melepas penat, Kang Rudi pamit pingin tuku rokok. Dewekne nyilih montore Yu Minthul.
Semula, Yu Minthul pingin melu. Nanging, dengan lihainya Kang Rudi menolak halus. Mung, dia tetap meminjam sepeda montor Honda Scoopy sing digawa Yu Minthul. Kang Rudi pun makwerrr, numpak montor silihan ngakune arep tuku rokok.
Yu Minthul pun ngenteni. Sak menit, rong menit nganti berjam-jam ditunggu eh Kang Dalbo Rudi ora teka-teka. Atine mulai deg-degan. Pikirane wis sing ora-ora wae. Kuatir ada sesuatu yang terjadi.
Akhirnya, dia pun melapor neng polisi, sing ada di Polsek Ngasem. Madulne lek montore digondol gendakane.
Nah, polisi pun oleh pekerjaan rumah. Nguber Kang Dalbo Rudi sing gawe ontran-ontran. Akhire, ketemu neng Tulungagung. Tapi, sepeda montor Honda Scoopy-ne wis ilang. Wis didol ambek si pelaku iki wayah neng Madura.
Lha, rugine Yu Minthul ora mung sak regane Scoopy. Tapi, ada uang tunai sing melu ilang.
"Korban ya nyimpen duwit neng jok montore sing ilang. Kabehe Rp 200 ewu," jare Kaplsek Ngasem Iptu Ardian Wahyudi.
Peh, ya nasibmu yu...yu. Kok gampang temen jatuh cinta neng Facebook. Bukannya oleh bojo, lha iki malah kelangan montor.
Editor : Anwar Bahar Basalamah