Yu Minthul lan Kang Dalbo, sebenarnya, masih berstatus suami istri. Durung ana akta perceraian. Nanging, Yu Minthul wis emoh urip dalam satu rumah. Luwih seneng hidup terpisah. Sing penting, duwite belanja jalan terus.
Lho? "Bojoku rabi maneh. Aku emoh dadi mbok tuwek. Nanging ya ora gelem dipegat," ucap Yu Minthul enteng.
Peh, abot tenan beban Kang Dalbo Yu? "Ya ben. Salahe dewe dulinan geni. Ya dadine kobong," sambungnya sambil ngomel.
Warga Kota Kediri ini wis menikah selama 20 tahun lebih. Awal-awal hubungane apik-apik wae. Baru di pertengahan perjalanan mulai ada kerikil. Kang Dalbo mulai ketok belange.
"Aku dikandani kanca-kancaku yen bojoku duwe gendakan," kenang Yu Minthul.
Sakjane Yu Minthul ya wis krasa. Sikap suaminya wis ora kayak biyen. Sering nyeneni lan omong nylekit. Bahkan, dia sempat sakit hati dituding ora bisa ngopeni anak. Padahal dia sudah melakukannya dengan sepenuh hati.
Puncaknya, tiga tahun lalu. Dia disodori teman-temannya tanggal pernikahan Kang Dalbo dengan Yu Cemplok, gendakane. Arep nikah siri.
"Aku dikongkon nggrebek. Tapi tak jarne wae. Gawe apa marai sumpek," aku Yu Minthul.
Justru, dia melakukan strategi sing beda. Dia pergi meninggalkan rumah. Melok wong tuwane maneh. Anake ya digawa. Nanging, dia emoh dipegat.
Kang Dalbo pun sakjane ya berusaha megat. Nanging, mentok karena Yu Minthul wegah. Anehe, Kang Dalbo akhire ya menghentikan upayanya kuwi. Ora nerusake ngurus pegatan.
Bahkan, ketika Yu Minthul tetep njaluk belanja bulanan, Kang Dalbo ya menehi. Apa maneh duwite kangge urusane anak. Kang Dalbo malah wis ora isa polah.
Lha, sing mbesengut ya Yu Cemplok. Dia muring-muring karena Yu Minthul terus njaluke duwit neng bojone. Bahkan, sempat menelepon lan nyemprot aja ganggu rumah tanggane dewekne.
"Loh...wong aku ya bojone. Ora ganggu keluargane uwong. Mung njaluk jatahku duwit belanja," ucap Yu Minthul enteng.
Biyuh, yen ngene sing ngelu ya Kang Dalbo. Salahe wae wani-wani rabi loro. Dadine, endase nggliyeng kayak yoyo, he he he.
Editor : Anwar Bahar Basalamah