Bukannya ora duwe omah bila Kang Dalbo memilih indekos. Lelaki asal Kecamatan Kepung, Kabupaten Kediri iki punya omah magrong-magrong. Guede tur apik. Neng kono juga ada keluarga kecilnya, anak lan bojone.
Lha, mengapa harus nginap di tempat kos? Nah, ini ada ceritane. Punjere masalah ya terkait dengan wedokan alias hobine Kang Dalbo sing demen golek pacar gelap, peh!
Kisah ini berawal dari kehidupan Kang Dalbo sing wis kepenak. Duwe penggawean sing mapan. Bayarane pun lumayan. Malah, wis nyandak dua digit, peh!
Yen digawe nguripi anak bojone wae ya turah-turah. Nah, karena masih banyak uangnya itu, akhire digawe hura-hura. Apa maneh, penggaweane Kang Dalbo pancen berhubungan dengan hal-hal seperti itu, minuman keras lan wong wadon!
Maka, tiada hari tanpa menghibur diri. Ya neng panggonan karaoke, hiburan malam, panti pijat sing mijete gantian, lan neng diskotik utawa pub. Pokoke, saben dina happy terus!
Saben hura-hura kuwi, mesti gawa wanita penghibur. Yen karaoke ya nggawa pemandu lagu sing gelem dijak ber-hohohihe. Yen kesel, golek panti pijet sing ditambahi plus ping telu. Pokoke, kesenangane dunia jian dipuas-puasne karo Kang Dalbo.
Sakjane, urusan belanjanane neng Yu Minthul, bojone, ora kurang. Nanging, wong jenenge bojo ya mesti kerasa yen ada sesuatu sing lain. Yu Minthul mencium gelagat perselingkuhan.
"Gayane wong lanang sing mabok wedokan kuwi wis kewaca. Mesti beda tingkah polahe," gerutu Yu Minthul.
Maka, bak detektif, Yu Minthul mulai menyelidiki. Hapene Kang Dalbo pun dadi sasaran. Diubak-ubek, didelok ana pesen saka siapa saja. Yen mencurigakan, langsung bojone dilabrak.
Suwe-suwe, Kang Dalbo judek juga. Saben dina kok diawasi kayak pesakitan wae. Sithik-sithik didelok, ditakoni. Sampek dia ora wani berkomunikasi lewat hape. Yen ana pesen utawa chatting saka wedokane, langsung dibusek.
Akhire, karena ora bisa menghentikan kesenangane, Kang Dalbo milih strategi terakhir. Minggat saka omahe. Banjur milih indekos neng daerah Kecamatan Mojoroto, Kota Kediri.
"Ben wis, lek ngene ya aman. Kesenenangku jalan terus, bojoku ya tetep tak belanjani," gumam Kang Dalbo, disambi mendem neng panggonan karaoke.
Peh, jian nemen temen to kowe kuwi Kang. Wong penggawean ngunu wae sampek kok rewangi minggat. Iku jenenge awakmu mendem wedokan nanging ora gelem pegatan ambek bojomu.
Untuk mendapatkan berita-berita terkini Jawa Pos Radar Kediri, silakan bergabung di Grup Telegram "Radar Kediri". Caranya klik link join telegramradarkediri. Sebelumnya, pastikan Anda sudah menginstal aplikasi Telegram di ponsel.
Editor : Anwar Bahar Basalamah