Nasional Kediri Raya Sports Ekonomi Bisnis Pendidikan Lifestyle Khazanah Opini Seni & Budaya RK Institute Portal Kampus Internasional

Ketoke Meneng, eh Ternyata Meteng

Emilia Susanti • Kamis, 14 Desember 2023 | 19:09 WIB

Photo
Photo

AJA gampang kebujuk tongkrongane uwong saka luarnya saja. Sebab, bisa wae penampilan kuwi menipu. Wong sing meneng, ternyata, kakean polah. Tingkahe setiap hari kayak anteng. Eh, ndilalah ternyata meteng sakdurunge rabi.

Persis kayak ceritane Kang Dalbo – Yu Minthul iki. Pasanganbocah sakaKe camatan Badas, Kabupaten Kediri ini akhire ya kudu cekat-ceket dirabekno wong tuwane. Yaopo ora ndang dirabekne lha wong sing wedok wis meteng disik,” bisik Yu Paijem, tanggane wong tuwane Yu Minthul.

Rabine ya meneng-menengan, ora diramekne,” lanjutnya. Ya gara-gara meneng-menengan kuwi para tetangga dadi penasaran. Dasar wong wedok, senengane ya golek gosip. Apa manehwong jenenge gosip semakin digosokgosok ya semakin sip. Sing marai wong-wong nggumun, selama ini pasangan tersebut dikenal pendiam. Apa maneh Kang Dalbo. Di mata warga ora tau kakean polah. Yo ora mbeling, yo ora seneng grubyak-grubyuk kayak nom-noman liyane.

Nah, nalika krungu Kang Dalbo tiba-tiba dinikahkan, para tetangga pun kaget. Apa maneh kabar kuwi sangat mendadak. Dan, ora kabeh uwong oleh undangan. “Nanging, jenenge urip neng ndesa, masiya ora diundang ya tetep nekani,” ceritane Yu Paijem.

Baca Juga: Ibarate, Kang Dalbo Kere sing Munggah Bale

Masalahe, sakjane kan pihak keluarga merahasiakan bahwa pasangan sing rabi kuwi meteng disik. Apa maneh isih cilik umur kehamilan. Lha kok ndilalah ana sing keceplosan omong. “Enek sing keceplosan yen bar iki wong tuwane Kang Dalbo bakal ndang oleh putu. Nah, malih dadi rasan-rasan,” ucap Yu Paijem lagi.

Tapi, wong jenenge nasi sudah menjadi bubur, ya ora bisa dadi sega maneh. Keluarga Kang Dalbo lan Yu Minthul pun terpaksa menerima dadi rasan-rasane tetangga. Oalah Dalbo....Kang
Dalbo. Mbok ya dipikir disik sakdurunge berbuat kuwi. Yen ngene kan dadi kembang lambene desa awakmu, peh!

Untuk mendapatkan berita-berita terkini Jawa Pos Radar Kediri, silakan bergabung di Grup Telegram "Radar Kediri". Caranya klik link join telegramradarkediri. Sebelumnya, pastikan Anda sudah menginstal aplikasi Telegram di ponsel.

Editor : Anwar Bahar Basalamah
#yu minthul #kang dalbo #ilustrasi #peh