Lupa daratan. Itu yang mungkin dirasakan Kang Dalbo. Biyen, dewekne wong santun, ora kakean polah. Ora pernah punya kelakuan macem-macem. Dadi wong lanang sing tanggung jawab neng keluarga.
Tapi, kuwi biyen. Nalika durung pati duwe banda. Nah, ketika sudah kaya kayak saiki, wis beda maneh ceritane. Dadi wong lanang sing kakean polah. Ora ngurusi anake lan bojone. Sing dilakoni mung hura-hura lan dulinan wong wedok. Peh, istilahe kere munggah bale, lali marang asal-usule.
Pria yang beralamat di Kecamatan Badas, Kabupaten Kediri ini duwe usaha pasang plafon. Awale, ya biasa-biasa wae. Masiya duwe pelanggan nanging ora akeh.
Nanging, nasibe uwong ora ana sing weruh. Demikian pula dengan jalan uripe Kang Dalbo. Kok ndilalah, usahane dadi lan lancar. Garapane sing apik akeh uwong sing seneng. Pelanggane pun akeh. Uripe Kang Dalbo pun dadi mulya. Kekayaan datang seiring suksese usaha pasang plafon kuwi.
Sayang, ketika sukses iki ternyata Kang Dalbo lupa daratan. Dewekne kepincut wong wedok sing awale ya pelanggane,Yu Menthil. Dasar Yu Menthil ganjen, dia pun tetap nekat menjalin hubungan gelap meskipun tahu yen Kang Dalbo wis duwe bojo Yu Minthul. Juga, wis duwe anak loro.
Nah, ibarate, Kang Dalbo lagi puber kedua. Jatuh cinta neng gendakane kuwi ngalah-ngalahne cintane neng bojone. Sabendina kayak pacaran wae. Tapi, ya mesti pacaran sing khusus dewasa. Kelakuane wis ora karu-karuan. Wis layak sensor lan ora bisa diceritakan neng kene. Pokoke, penuh hohohihe.
Jenenge perbuatan jelek, ya mesti konangan. Nanging, Yu Minthul ora bisa apa-apa. Lebih-lebih, nalika kuwi kebutuhane ya akeh. Anake mlebu SMA lan sing siji lara sesak napas sing kudu selalu berobat. Akhire, Yu Minthul ngempet rasa lan ngejarne Kang Dalbo kian tenggelem neng dekapane Yu Menthil.
Lha, justru sing ora betah Yu Menthil. Dewekne wegah terus-terusan dadi gendakan gelap. Jaluk Kang Dalbo ngrabi secara resmi. Akhire, Kang Dalbo pun megat Yu Minthul.
Ternyata, Yu Minthul ya ora mendho. Dewekne gelem dipegat nanging kudu ngeret dunyane mantan bojone kuwi. Carane, anake dikongkon terus-terusan njaluk duwit. Pokoke, saben dina pasti selalu ada kebutuhan yang harus dipenuhi.
“Lha kok penak pas sugih terus lali anak bojo. Ya kudu diperes kayak ngene. Ben ngrasakne. Pancen wong kere munggah bale,” gerutu Yu Minthul.
Editor : Anwar Bahar Basalamah