Apa dampak buruk kakean dulinan handphone? Yen pitakonan kuwi ditujukan ke Kang Dalbo, jawabe mesti ambek nelangsa. Sebab, gara-gara HP kuwi warga Kecamatan Pare, Kabupaten Kediri ini kelangan bojo!
Lho! Apa merga selingkuh dan kepincut wong lanang liya di grup-grup chatting? Ora! Sing marai Yu Minthul njaluk pegatan kuwi karena dia terlalu sering ngrungokne ceramah. Walah, kok ya isa to?
Ceritane, Yu Minthul mulai kencanduan HP beberapa tahun terakhir. Sing sering didelok yaitu video neng Tiktok. Sing isine membahas tentang kehidupan rumah tangga. Yang disangkutpautkan dengan weton Jawa.
Repote, video sing dideleng Yu Minthul kuwi akeh sing menyebut kehidupannya ora sesuai. “Jarene sing ora cocok, marai tukaran, ora ayem tentrem, lan yen duwe penggawean ora lancar,” gerutu Kang Dalbo, nyritakne omongane bojone.
Padahal, pernikahannya itu tidak sebentar. Sudah 13 tahun lamanya. Selama itu ya ora tahu ada masalah rumah tangga sing gede. Kang Dalbo bahkan sangat nresnani bojone kuwi.
Tapi, ternyata, Yu Minthul justru luwih percaya neng ramalan video ceramah Tiktok. Sing ngandani yen pernikahan ora perlu dipertahankan mung gara-gara anak. Sebab, yen rumah tangga wis ora bahagia, luwih becik ya pegatan. Soal anak bisa diurus bersama.
“Ya wis tak turuti wae yen karepe ngono. Ya iku akibate yen kakean dulinan HP,” keluh Kang Dalbo.
Tapi, Kang Dalbo tetep mencintai mantan istrinya kuwi. Saben Yu Minthul jaluk kiriman foto anake, ya diwenehi. Begitu pula yen anake ingin ketemu emake, ya diterne dengan senang hati.
“Sakdurunge ya tak takoni apik-apikan. Pengin melu bapak apa emak. Anakku ngomong pingin melu bapake,” jare Kang Dalbo.
Terus, kepiye Yu Minthul? Nah, iki, yen Kang Dalbo isih duwe angen-angen balen alias rujuk, sepertinya kudu dipendam dalam-dalam. Sebab, meskipun hidup sendiri ternyata Yu Minthul justru merasa bahagia. Penggaweane dodolan panganan goreng-gorengan. Nah, sejak berpisah kuwi, dia mengaku jualannya laris-manis. Peh, wis angel tenan lek ngene.
“Ya ora apa-apa, sing penting dewekne bahagia,” ucap Kang Dalbo pelan.
Editor : Anwar Bahar Basalamah