Nasional Kediri Raya Sports Ekonomi Bisnis Pendidikan Lifestyle Khazanah Opini Seni & Budaya RK Institute Portal Kampus Internasional

Niat Buang Hajat Malah Kena Damprat

Emilia Susanti • Kamis, 30 November 2023 | 17:05 WIB
Photo
Photo

Apa yang dialami oleh Kang Dalbo, mungkin, pengalaman sing ngisin-isini. Nanging, gawene warga Kecamatan Pesantren, Kota Kediri ini, masiya isin tetep wae ana keuntungane. Sak ora-orane gawene dia sing seorang bujang. 

Wah, pengalaman kayak apa kuwi? Lha, lek pingin weruh, simak kisah Kang Dalbo kali ini. 

Ceritane limang tahun kepungkur. Nalika dia arep menyang omahe nasabah sing neng Nganjuk. Nah, di tengah jalan, dewekne krasa pingin nguyuh. Mergane ora isa diempet, Kang Dalbo pun ndang-ndang golek pom bensin. Pas ketemu, langsung saja dia ngenggokne montore. Bar parkir langsung marani panggonane pipis. 

Merga wis kebelet, Kang Dalbo ora neliti sing pener. Anggur ana lawang toilet sing rada mbukak langsung dileboni. 

"Pas mlebu, lawange ga nutup rapet. Ketoke rada rusak,” jare pawongan sing kerja neng lembaga pembiyaan ini. 

Nah, pas mlebu, kok ndilalah toilet kuwi wis ana isine. Wonge pas buang hajat. Luwih apes maneh, sing neng jero kuwi ternyata wong wadon, peh! 

"Enek wong wedok, pas ndodok," jare Kang Dalbo ambek mlongo. 

Kaget, Kang Dalbo mlongo. Seperti ketenggengen. Dewekne ora ndang-ndang metu nanging ngadek ambek melongo. 

Kang Dalbo baru sadar nalika wong wedok kuwi berteriak. “Kang, tutupen Kang. Aja kurang ajar sampean,” damprate wong wadon kuwi. 

Kang Dalbo pun kisinan. Terus ndang-ndang ngalih. Niate nguyuh malih ora sida. Berganti dengan rasa isin.

Nanging, dasar Kang Dalbo sontoloyo, pas metu dewekne malah ngguyu mesam-mesem. Kenapa?” Bathi sitik ndelok barang rahasiane wong kuwi,” Kang Dalbo mesam-mesem trus langsung nyengklak montore. Walah, dasar Kang Dalbo sontoloyo. Niate buang hajat malah kena damprat. 

Editor : Anwar Bahar Basalamah
#yu minthul #kang dalbo #peh #pesantren