Kang Dalbo wong lanang sing kebacut. Wis kecantol wong wedok liya, eh, malah saiki ngedoh dari Yu Minthul, bojo tuweke. Malah, suwe-suwe, dia meminta si istri sah itu gelem nggugat cerai. Karena Yu Menthil, mbok enom alias istri mudanya, pingin jadi satu-satunya, peh!
Prahara rumah tanggane Kang Dalbo-Yu Minthul ini terjadi limang tahun kepungkur. Saat itu, warga Kecamatan Puncu, Kabupaten Kediri ini sukses dengan usaha ternak pitike. Kandange wuakeh! Pitike juga ewonan jumlahe. Pokoke, Kang Dalbo kecelok pengusaha ternak sing topcleng!
Nah, merga usahane maju, perputaran duwite ya seser. Kang Dalbo kudu sering setor neng bank. Merga urusan duwit, dia tidak berani menyuruh anak buahe. Dadine, sing ngurusi ya Kang Dalbo dewe.
“Perkara duwit kuwi ya kudu ati-ati, ora bisa sembrana,” ucapnya beralasan.
Nah, amarga sering neng bank, Kang Dalbo pun kenal karo pegawaine. Kenal akrab malahan. Jenenge Yu Menthil. Sesuai namanya, si pegawai bank iki pancen pawakene menthil lan nggemesne. Apa maneh saben Kang Dalbo datang, selalu diterima dengan eseman sing nggogrokne ati.
Nah, berawal dari eseman itu, suwe-suwe mudun neng ati. Kemudian, mudun lagi semakin mengisor dan mengisor. Mandek neng panggonane syahwat. Akhire, wong loro kuwi terlibat asmara terlarang. Berhoho hihe hingga Yu Menthil meteng! Peh, ajur duwite pitik lek ngene iki.
Merasa hamil, Yu Menthil njaluk pertanggungjawaban. Kang Dalbo pun ora isa selak. Dia terpaksa menikahi gendakane kuwi karena sudah mbobol berkali-kali hingga wetenge mblendung eh, hamil. Tapi, isane ya mung nikah siri.
Masiya mung siri, ternyata Yu Menthil sangat posesif. Neng Kang Dalbo selalu berusaha mengusai. Ngatur kono ngatur kene. Termasuk, ora oleh marani Yu Minthul, sing sakjane statuse isih bojo resmi.
Untunge, kala iku, Kang Dalbo masih gentlemen. Bertanggung jawab neng keluargane. Tetep mblanjani Yu Minthul lan anak-anake setiap wulane. “Pikire bojoku, aku sing melu nggedekne usahane. Dadi, ya ora gelem megat masiya dipeksa bojo enom,” jarene Yu Minthul.
Tapi, malapetaka kuwi menerjang nalika datang masa pandemi Covid-19. Saat itu bisnis pitike ajur-mumur. Bangkrut-krut. Akhire, mbok enome Kang Dalbo terus uring-uringan. Mergane penghasilane bojone ilang-lang. Kang Dalbo pun wis ora wani maneh mara neng mbok tuweke. Termasuk sudah tidak bisa memberi uang belanja.
Akhire, Kang Dalbo dimodali ambek wong tuwane Yu Menthil. Nanging, dengan embel-embel, kudu megat mbok tuweke lan fokus neng mbok enom. Gelem ora gelem, Kang Dalbo pun malih kepeksa. Dia pun meminta Yu Minthul agar menggugat cerai.
“Sakjane saaken bojoku, sering tukaran ambek bojo sirine. Lek tukaran mesti sing dikatut-katutne ya masalah meteng disik kuwi,” aku Yu Minthul.
“Duwite sing gawe pegatan ya wis diwenehi. Dijanjeni sepuluh juta. Nanging isih diwenehi rong juta,” imbuhnya.
Untuk mendapatkan berita-berita terkini Jawa Pos Radar Kediri, silakan bergabung di Grup Telegram "Radar Kediri". Caranya klik link join telegramradarkediri. Sebelumnya, pastikan Anda sudah menginstal aplikasi Telegram di ponsel.
Editor : Anwar Bahar Basalamah