Kang Dalbo mumet. Yu Minthul, bojone, njaluk pegat. Padahal pria sing tinggal di Kecamatan Papar, Kabupaten Kediri ini isih tresna. Karena itu dia agak berat memenuhi permintaan sang bojo. Apa maneh rumah tanggane sudah dibangun 20 tahun!
“Karepku ya eman yen pegatan. Lek isa ya didandani,” harap Kang Dalbo, di sela-sela ngenteni acara sidange di pengadilan agama.
Pengusaha rosokan ini menunjukkan sikapnya kuwi dengan rutin mengikuti persidangan. Ya siapa tahu isa melunakkan atine bojone. Trus, ora sida gugat cerai.
Lha, lek awakmu isih tresna, kenapa Yu Minthul tega njaluk pegat? “Apa maneh sebabe yen dudu marga duwit,” keluh Kang Dalbo, ambek ngelus dadane.
Kabeh awale ketika usahanya tengah merosot. Regane barang rongsokan merosot tajam. Dodolane uga angel. Akibate, jatah belanja gawe Yu Minthul pun berkurang. Mergane, dia masih duwe tanggungan cicilan utang sing kudu dibayar saben wulan.
Lha, padahal Yu Minthul kuwi duwe hobi belanja sing kelas wahid. Senengane tuku barang-barang, masiya sakjane ya ora butuh nemen. Istilah kekiniane, Yu Minthul kuwi hedon. Lha, ya mesti ta deweke mbesengut karena uang jatahe berkurang jauh.
“Sakjane ya sing dituku kuwi perabotan sing ora penting. Wong wis duwe sendok akeh kok ya sik tuku maneh. Piye jal ngunu kuwi,” Kang Dalbo menggerutu sendiri.
Yu Minthul ya ora rumangsa yen bojone sedang susah. Karena bisnise ngedrop. Ekonomi anjlok. Njaluke pancet kayak jaman penghasilan gede wae.
"Disek, jek anak-anak cilik wis tau gegeran. Pisah ranjang ana yen pitung wulan. Gara-garane maratuwaku ora seneng neng aku. Dikira aku ora isa nguripi anake,” omel pria 51 tahun ini.
Akhire, maratuwane meneng nalika dia bisa menunjukkan sukses berusaha. Masiya bisnis barang bekas, Kang Dalbo isa bangun omah. Juga duwe gudang dewe ge numpuk barang rongsokan. Gudange kuwi ya ana kamar lan toilete.
Saiki, nalika digugat cerai, aset kuwi dadi gana-gini. Omahe dipanggone Yu Minthul. Sementara Kang Dalbo rela manggon neng gudang.
Tapi, tekadnya agar rumah tangganya utuh tetap besar. Karena Dalbo masih berjuang ben ora sida pegatan. Termasuk njaluk bantuan anak-anake ben meluluhkan ati ibuke.
"Wong wedok lak wis nyekel duwit dewe ya ngene iki," tandasnya sembari menyebut istrinya bekerja sebagai pengajar di salah satu sekolah swasta.
Editor : Anwar Bahar Basalamah