Yu Minthul resah. Wanita asal Kecamatan Puncu iki rada ndredek nalika menunggu wayahe sidang gugatan cerainya. Dewekne kuatir menawa hakim ora ngabulne gugatan kuwi.
Apa maneh, Kang Dalbo-bojo sing digugat cerai kuwi-wayah kuwi mendatangi sidang. Padahal, sebelum-sebelumnya dia ora pernah teka.
“Saiki sidang sing kepapat, lha bojoku kok ya teka,” ucap perempuan sing wektu kuwi nganggo jilbab.
Yu Minthul pancen pantes kuatir. Sebab, selama ini dia sudah berpisah rumah dengan bojone kuwi. Dia juga emoh rujuk. Karena wis ora nyandak ambek tingkah polahe Kang Dalbo. Sing dianggep sudah kakean polah.
"Wis tuwek isih kakean polah, kakean gaya. Senengane kumpul ambek kanca-kancane. Lali marang bojone,” gerutu Yu Minthul.
Separah apa sikap Kang Dalbo kuwi? Kok sampek dia emoh balen? Yu Minthul pun menehi conto. Nalika riyaya misalnya. Bukannya melu silaturahmi neng dulur-dulure, eh malah milih reuni ambek kanca-kancane.
“Aku nglencer neng dulur malih dibonceng dulurku. Lha piye wong bojoku ora gelem melu,” ketusnya.
Durung maneh ndeleng sifat kedunyan sang bojo. Kang Dalbo luwih mikir dunyane tinimbang bojone.
“Bayangno wae, teka neng omah kuwi sing digoleki dudu aku, bojone. Nanging dewekne malah nggoleki sepedahe. Piye jal ngunu kuwi, apa ora kebacut,” gerutunya lagi.
Pirang tahun to Yu olehmu rabi? “Wis rong puluh tahun. Untunge kok durung diwenehi momongan. Dadi ya penak wae yen pegatan,” akunya.
Menurutnya, sebenarnya dia juga sempat berpikir tetap bertahan. Nanging, kelakuan suaminya kuwi wis kebangeten. “Piye maneh wong dewekne ora kena diomongi. Kaya cah cilik wae tingkahe,” omel Yu Minthul kesal.
Selain luwih mementingkan berhura-hura dengan temannya, Kang Dalbo ya tidak lagi memberi nafkah sebagai suami. Akhirnya, Yu Minthul pun kepeksa bekerja demi menghidupi diri sendiri. Kerjane? Ya neng sawah.
Trus, Kang Dalbo ya nguber-nguber janda. Kelakuan kuwi wis dadi kembange lambe. Dadi rasan-rasan wong sak desa.
"Mangkane dulure ora ana sing gelem dadi saksi. Kelakuane pancen kayak ngunu kuwi," tandasnya. Oalah Kang Dalbo...Kang Dalbo, urip sepisan wae kok ya ruwet to awakmu kuwi.
Untuk mendapatkan berita-berita terkini Jawa Pos Radar Kediri, silakan bergabung di Grup Telegram "Radar Kediri". Caranya klik link join telegramradarkediri. Sebelumnya, pastikan Anda sudah menginstal aplikasi Telegram di ponsel.
Editor : Anwar Bahar Basalamah