Nasional Kediri Raya Sports Ekonomi Bisnis Pendidikan Lifestyle Khazanah Opini Seni & Budaya RK Institute Portal Kampus Internasional

Ngamen neng Pesantren, Bocah-Bocah Dicekel Satpol

adi nugroho • Selasa, 28 Januari 2020 | 16:09 WIB
ngamen-neng-pesantren-bocah-bocah-dicekel-satpol
ngamen-neng-pesantren-bocah-bocah-dicekel-satpol

KOTA, JP Radar Kediri – Satpol PP Kota Kediri ora kesel-kesel nertibake anak jalanan. Jumat wengi (24/1), aparat penegak perda iku nyekel maneh lima bocah. Sing gawe trenyuh, kabehe bocah kuwi umure isih sengisore 18 taun.


          Dheweke kabeh dicekel wektu ngamen neng Prapatan Bence, Kelurahan Pakunden, Kecamatan Pesantren. Ana sing gawa kentrung lan keplok-keplok. Bocah-bocah kuwi nyanyi saben ana mobil lan sepeda motor mandek neng lampu bangjo (abang ijo). “Anggota pas patroli lewat kono,” pituture Kabid Ketenteraman dan Ketertiban (Trantib) Satpol PP Kota Kediri Nur Khamid.


          Wektu nyawang ana mobil satpol PP, bocah-bocah kuwi langsung mlayu. Nanging, anggota luwih cekatan. Amarga ana sing nyegat neng mburine. Banjur iku, satpol PP bisa ngamanke bocah-bacah sing arep ngacir kuwi.


          Neng kantor Satpol PP Jalan Veteran, Kota Kediri, petugas nakoni dheweke kabeh siji-siji. Ndilalah, kabeh bocah isih cilik lan ana sing pelajar. “Rata-rata isih sekolah SMP,” tembunge Khamid.


          Saka pitakone petugas, omahe lima bocah kuwi ora adoh saka Bence. Mulai saka Banaran, Blabak, Tosaren, lan Jamsaren. Umure kira-kirane 14-15 taunan. Telung bocah saka SMP sing pada. Loro liyane beda.


          Miturute Khamid, bocah-bocah kuwi kepengin nambah duit sangu. Makane ngamen neng preman. Sanadyan ngono, satpol PP ora isa mbenerake. Amarga ana perda neng Kota Kediri sing nglarang bocah-bocang ngamen ing dalan. “Bisa ngekei bahaya gawe bocahe dewe lan pengendara liyane,” tuture.


          Khamid nambahi, satpol PP uwis nyelukei wong tuane dewe-dewe. Bocah telu diparani wong tua. Wektu bapak lan ibuke teka, petugas menehi pembinaan. Sesuk-sesuk maneh ben ora mbaleni. “Wong tuane ben ngawasi terus,” pungkase Khamid.


 


         

Editor : adi nugroho