Tumaritis riuh rendah kawit tadi malam. Suara takbir menggema. Para wayang pun pada baris. Mlaku keliling desa. Gawa oncor, batang bambu sing menyala di ujungnya.
Gawa kentongan, alat perkusi yang juga dari bambu. Takbir keliling hingga parak isuk.
Pagi, keriuhan berlanjut neng langar-langgar, di masjid-masjid. Takbiran. Diiringi tabuhan beduk besar. Sebelum berlanjut dengan sembahyang Riyaya Kurban.
Dengan khotib Ki Lurah Badranaya. Tokoh yang sangat dihormati di Tumaritis. Ya pinter bab urusan kemasyarakatan, ya tinggi ilmu keagamaane.
Bar khutbah, para wayang ora ndang membubarkan diri. Sebagian besar milih ndeleng ritual yang sangat Istimewa di hari riyaya ini. Mbeleh kewan kurban.
Biasane, neng Masjid Gede Tumaritis, kewan-kewan kurbane para wayang dikumpulne. Disembelih bareng-bareng.
“Weduse pira to Yu sing dibeleh dina iki?” tanya Cangik, sambil kepalanya berusaha menembus barikade tubuh sing ada di depannya.
Limbok, yang ditanya, mung geleng-geleng. Pertanda ora weruh berapa jumlah sapi, kambing, domba, yang hendak dikurbankan hari itu.
“Takono Kang Togog kae. Dewekne kan dadi panitia kurban,” jawab Limbok sekenanya.
Tangan keduanya nenteng tas anyaman sing mirip klasa. Persiapan digawe wadah yen ada dum-duman daging.
“Minggir-minggir! Sapine arep liwat. Sapine kereng lho….,” teriak Bawor dari kejauhan.
Terlihat Bawor dan beberapa kancane menuntun seekor sapi. Gemuk. Tinggi dan besar. Jarene, jenenge sapi limosin. Dipacaki aneka rupa. Klintingane ya macem-macem. Ada mahkota cilik neng endase sapi, kayak sing digawe para penguasa Kerajaan.
“Ssttt…, kuwi sapine awehane Ndara Ratu Ngastinapura. Saben desa, kayak Tumaritis ngene diwenehi siji,” bisik Yu Amba, persis neng kupinge Cangik.
Cangike mung manthuk-manthuk. Embuh ngerti, embuh heran.
Neng mburine, berbaris sapi yang jauh lebih kecil. Lha, sing iki kurbane para warga Tumaritis.
“Lho, sapine kok mung sithik? Kok mung loro?” celutuk si Kuncung, anake Cangik.
“Hussh! Aja rame wae le. Masiya loro sing penting ada,” gertak Mbilung yang kebetulan ada di dekat Kuncung.
“Lha biasane sampek lima ekor lho Pakde Mbilung,” Kuncung masih ngeyel.
“Ya ngertiya yen jamane lagi krisis. Pada tirakat kabeh. Wong kuwi wae hasile arisan,” gerutu Mbilung.
“Lho, weduse kok ya sitik? Mung papat?” kali ini yang bersuara Cangik. Heran campur kaget campur khawatir.
“Lha yen sitik ngene iki, awake dewe mengko oleh pira daginge Yu?” bisiknya ke Limbok.
Sing ditanya mbesengut. Ganti menghardik Cangik agar tidak rewel.
“Wis menengo. Mengko sak oleh-olehe. Sik untung ada yang berkurban. Yen ora ana blas, njur kepiye?” hardik si juragan.
“Lha iya, lha sing antre kayak ngunu akehe. Iki bisa-bisa ora keduman awake dewe,” Cangik masih tetap ngresula atine.
“Kadung tak arep-arep. Gawaku tas wae sing gedhe kayak iki,” ucapnya sambil menggoyang-goyangkan tas di tangannya.
Makin siang, makin banyak yang berdatangan. Kabeh ya gawa tas. Sing karepe gawe wadah daging kurban sing dibagi. Cangik pun makin ketir-ketir. Takut jatahe semakin sedikit. (Mahfud)
Editor : Mahfud